29 Yarmut sapangonane lan En-Ganim sapangonane: kutha papat.
30 Saka taler Asyer: Misal sapangonane, Abdon sapangonane,
31 Helkat sapangonane lan Rehob sapangonane: kutha papat.
32 Tuwin saka taler Naftali: Kedesy ing tanah Galilea, kutha pangungsene wong dosa pati, dalah pangonane, Hamor-Dor sapangonane lan Kartan sapangonane: kutha telu.
33 Kuthane wong Gerson miturut gotrahe iku kabeh ana telulas sapangonane.
34 Gotrah-gotrahe wong bani Merari, yaiku kekarene wong Lewi, iku padha diparingi saka taler Zebulon: Yokneam sapangonane, Karta sapangonane,
35 Dimna sapangonane lan Nahalal sapangonane: kutha papat.