3 Wong Israel banjur masrahake kutha-kutha kang kasebut ing ngisor iki dalah pangonane marang wong Lewi, kajupukake saka ing tanah-pusakane manut dhawuhe Sang Yehuwah.
4 Undhiane nuli tumiba marang gotrah-gotrahe wong Kehat. Panunggalane wong Lewi kang klebu tedhake Imam Harun padha oleh undhian kutha telulas saka taler Yehuda, taler Simeon lan taler Benyamin.
5 Dene kekarene wong Kehat iku padha oleh kutha sepuluh sarana kaundhi saka taler Efraim, taler Dhan lan saka separone taler Manasye.
6 Turune Gerson padha oleh kutha telulas sarana kaundhi saka taler Isakhar, taler Asyer, taler Naftali lan saka separoning taler Manasye kang ana ing tanah Basan.
7 Trahe Merari padha oleh kutha rolas sarana kaundhi saka taler Ruben, teler Gad, lan taler Zebulon.
8 Mangkono dadine kutha-kutha mau dalah pangonane padha dipasrahake wong Israel marang wong Lewi sarana kaundhi, kaya kang wus didhawuhake Sang Yehuwah lumantar Nabi Musa.
9 Kang dipasrahake saka taler bani Yehuda lan saka taler bani Simeon iku kutha-kutha kang kasebut ing ngisor iki: