37 Kedemot sapangonane lan Mefaat sapangonane: kutha papat.
38 Saka Taler Gad: Ramot ing tanah Gilead, kutha pangungsene wong dosa pati, dalah pangonane, Mahanaim sapangonane,
39 Hesybon sapangonane, Yaezer sapangonane, kabeh ana kutha papat.
40 Sakehe kutha iku mau dadi darbeke bani Merari miturut gotrahe, yaiku kekarene gotrahe wong Lewi, pandumaning undhiane kutha rolas.
41 Sakehe kuthane wong trahe Lewi ana ing satengahe darbeke wong Israel iku ana kutha patang puluh wolu sapangonane.
42 Siji-sijining kutha ana pangonane ing sakubenge, kuthane kabeh padha kaya mangkono.
43 Mangkono dadine saindenging nagara iku diparingake Sang Yehuwah marang wong Israel, yaiku nagara kang wus diprasetyakake klawan supaos, yen bakal diparingake marang para leluhure, iya banjur kelakon diejegi lan dienggoni.