6 Turune Gerson padha oleh kutha telulas sarana kaundhi saka taler Isakhar, taler Asyer, taler Naftali lan saka separoning taler Manasye kang ana ing tanah Basan.
7 Trahe Merari padha oleh kutha rolas sarana kaundhi saka taler Ruben, teler Gad, lan taler Zebulon.
8 Mangkono dadine kutha-kutha mau dalah pangonane padha dipasrahake wong Israel marang wong Lewi sarana kaundhi, kaya kang wus didhawuhake Sang Yehuwah lumantar Nabi Musa.
9 Kang dipasrahake saka taler bani Yehuda lan saka taler bani Simeon iku kutha-kutha kang kasebut ing ngisor iki:
10 Para tedhake Imam Harun, kang klebu gotrahe wong Kehat, panunggalane bani Lewi, sarehne iku kang padha tampa undhian kang wiwitan,
11 iku padha dipasrahi Kiryat-Arba, yaiku Hebron, -- Arba iku leluhure suku Enak, -- ana ing pagunungan Yehuda, dalah pangonane sakubenge;
12 nanging pategalane kutha iku lan padesane iku wus dipasrahake marang Kaleb bin Yefune dadi darbeke.