Yusak 22:19-25 JAV

19 Dene menawa tanah darbekmu iku kadunungan najis, mara ta padha nyabranga menyang ing tanah kagungane Sang Yehuwah, ing panggonaning Tarub Sucine Sang Yehuwah, lan padha manggona ana ing tengahku kana. Mung bae aja mbalela marang Sang Yehuwah, lan iya aja mbalela marang aku kabeh kanthi gawe misbyah kanggo awakmu dhewe, kejaba saka misbyah kagungane Sang Yehuwah Gusti Allah kita.

20 Nalika Akhan bin Zerah nglakoni panerak tumrap barang tebusan, rak tumuli ana bebendu kang tumiba ing umate Israel kabeh, tur ora ngemungake wong siji iku bae kang mati marga saka dosane.”

21 Ing kono wong bani Ruben lan wong bani Gad tuwin separoning taler Manasye padha mangsuli atur marang para panggedhe ing kulawangsane Israel:

22 “Gusti Allahipun sadaya allah, Sang Yehuwah inggih Gusti Allahipun sadaya allah, Sang Yehuwah, punika ingkang nguningani sarta tiyang Israel pantes ugi nyumerepi! Manawi kalampahanipun punika margi saking kekajengan badhe mbalila utawi boten setya dhumateng Sang Yehuwah, kula sampun ngantos sami kaparingan wilujeng dening Yehuwah ing dinten punika;

23 manawi anggen kula damel misbyah punika margi sumedya badhe ngungkuraken Sang Yehuwah, utawi badhe kula angge caos kurban obaran saha kurban dhaharan, punapa dene kula angge caos kurban kawilujengan, mugi Sang Yehuwah piyambak ingkang paring piwales dhateng kula sadaya.

24 Sayektosipun anggen kula ngantos sami nglampahi makaten punika, namung kabekta saking sumelanging bab setunggaling prekawis. Kula sami manah: Bokmanawi putra wayah panjenengan ing tembe badhe sami gadhah wicanten dhateng anak putu kula mekaten: Kowe padha melu-melu apa karo Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel?

25 Rak bengawan Yarden iku kang wis kapesthi dening Sang Yehuwah dadi wates ing antarane aku karo kowe, he bani Ruben lan bani Gad; kowe padha ora duwe panduman bab ing ngatase Pangeran Yehuwah. Mekaten putra wayah panjenengan wau bokmenawi badhe sami ngampah dhateng anak putu kula anggenipun sami ngabekti dhumateng Sang Yehuwah.