Yusak 22:26-32 JAV

26 Pramila kula sami wicanten: Becike aku padha ngadegake misbyah iku kanggo kita. Boten kangge caos kurban obaran tuwin kurban sembelehan,

27 namung supados misbyah punika dados seksi ing antawisipun kula kaliyan panjenengan sarta ing antawisipun turun kita ing sapengker kita, bilih kula badhe sami tetep ngabekti dhumateng Sang Yehuwah wonten ing ngarsanipun mawi kurban obaran, kurban sembelehan, saha kurban kula kawilujengan; supados putra wayah panjenengan ing benjing sampun ngantos wonten tembungipun dhateng anak putu kula: Kowe padha ora duwe panduman ing ngatase Sang Yehuwah.

28 Ing salajengipun kula sami wicanten: Saupama besuk padha duwe pangucap marang kita utawa marang turun kita kaya mangkono, nuli kita bakal padha mangsuli: Padha delengen ta wangune tetironing misbyahe Pangeran Yehuwah gaweane para leluhurku; iku ora kanggo kurban obaran, kurban dhaharan utawa kurban sembelehan, nanging iku dadi seksi ana ing antarane aku lan kowe.

29 Sakalangkung tebih saking kula,manawi kula sami mbalela dhumateng Sang Yehuwah, utawi sami ngungkuraken Sang Yehuwah ing dinten punika, margi damel misbyah kangge kurban obaran, kurban dhaharan utawi kurban sembelehan, anjawi saking misbyah kagunganipun Sang Yehuwah Gusti Allah kula ingkang wonten ing ngajengipun Tarub-Sucinipun.”

30 Imam Pinehas lan para panggedhene umat lan para panggedhening kulawangsane wong Israel kang padha ndherek, bareng padha mireng tembung kang diucapake dening bani Ruben lan bani Gad tuwin bani Manasye, bab iku banjur kaanggep prayoga.

31 Imam Pinehas bin Eleazar tumuli ngandika marang bani Ruben lan bani Gad tuwin bani Manasye: “Saiki aku padha sumurup yen Sang Yehuwah ana ing tengah kita, marga kowe ora padha nyimpang saka ing kasetyanmu marang Sang Yehuwah; marga saka iku kowe temah padha ngluwari wong Israel saka ing paukumaning Yehuwah.”

32 Imam Pinehas bin Eleazar karo para panggedhe mau banjur padha nilar bani Ruben lan bani Gad ing tanah Gilead, kondur menyang ing tanah Kanaan, manggihi wong Israel klawan ngluntakake pawarta mau.