1 Sawuse mangkono Senapati Yusak tumuli nglempakake sakehing talere wong Israel ana ing Sikhem, banjur nimbali para tuwa-tuwane Israel lan para panggedhene, para hakime tuwin para tetindhihing wadyabala. Iku kabeh nuli padha seba marang ing ngarsane Gusti Allah.
2 Senapati Yusak tumuli ngandika marang bangsa iku kabeh: Pangandikane Pangeran Yehuwah Gusti Allahe Israel mangkene: Dhek biyen leluhurira padha manggon ana ing sabrange bengawan Efrat yaiku Terah bapakne Abraham lan Nahor, sarta padha ngabekti marang allah liyane.
3 Nanging leluhurira Abraham nuli Sunpundhut saka ing sabrange bengawan Efrat kono, Sundhawuhi ndlajahi satlatahe tanah Kanaan kabeh, sarta turune Sundadekake akeh tuwin Sunparingi Iskak.
4 Iskak iku Sunparingi Yakub lan Esap; sarta Esap Sunparingi pagunungan Seir dadi darbeke, dene Yakub saanak putune nuli padha lunga menyang ing tanah Mesir.
5 Ingsun banjur ngutus Musa lan Harun sarta tanah Mesir Sundhawuhi wewelak, iya kaya kang Suntindakake ana ing tengahe. Sawuse mangkono sira tumuli padha Sunirid metu.