Yusak 24:3-9 JAV

3 Nanging leluhurira Abraham nuli Sunpundhut saka ing sabrange bengawan Efrat kono, Sundhawuhi ndlajahi satlatahe tanah Kanaan kabeh, sarta turune Sundadekake akeh tuwin Sunparingi Iskak.

4 Iskak iku Sunparingi Yakub lan Esap; sarta Esap Sunparingi pagunungan Seir dadi darbeke, dene Yakub saanak putune nuli padha lunga menyang ing tanah Mesir.

5 Ingsun banjur ngutus Musa lan Harun sarta tanah Mesir Sundhawuhi wewelak, iya kaya kang Suntindakake ana ing tengahe. Sawuse mangkono sira tumuli padha Sunirid metu.

6 Bareng leluhurira wus padha Sunirid metu saka ing tanah Mesir lan sira wus padha tekan ing segara, wong Mesir banjur padha nututi para leluhurira kalawan bala kretan lan jaranan nganti tutug ing Segara Teberau.

7 Para leluhurira tumuli padha sesambat marang Sang Yehuwah, Panjeneengane tumuli ndhatengake peteng ndhedhet ana ing antarane sira lan wong Mesir, sarta ndhatengake banyu segara, satemah wong Mesir iku padha kasasaban ing segara. Mripatira wus padha ndeleng dhewe apa kang Suntandukake marang Mesir. Sawuse mangkono leluhurira padha manggon ana ing ara-ara samun nganti antara lawas.

8 Nuli sira padha Sunirid lumebu ing nagarane wong Amori kang manggon ana ing sabrange bengawan Yarden. Iku padha nglawan perang, nanging padha Sunulungake ing tanganira, temah nagarane banjur sira ejegi lan wonge padha Sunsirnakake saka ing ngarepira.

9 Nalika iku Balak anake Zipor ratu ing Moab, banjur tumandang nglawan wong Israel tuwin kongkonan nyeluk Bileam bin Beor dikon ngipat-ipati leluhurira.