Yusak 24:6-12 JAV

6 Bareng leluhurira wus padha Sunirid metu saka ing tanah Mesir lan sira wus padha tekan ing segara, wong Mesir banjur padha nututi para leluhurira kalawan bala kretan lan jaranan nganti tutug ing Segara Teberau.

7 Para leluhurira tumuli padha sesambat marang Sang Yehuwah, Panjeneengane tumuli ndhatengake peteng ndhedhet ana ing antarane sira lan wong Mesir, sarta ndhatengake banyu segara, satemah wong Mesir iku padha kasasaban ing segara. Mripatira wus padha ndeleng dhewe apa kang Suntandukake marang Mesir. Sawuse mangkono leluhurira padha manggon ana ing ara-ara samun nganti antara lawas.

8 Nuli sira padha Sunirid lumebu ing nagarane wong Amori kang manggon ana ing sabrange bengawan Yarden. Iku padha nglawan perang, nanging padha Sunulungake ing tanganira, temah nagarane banjur sira ejegi lan wonge padha Sunsirnakake saka ing ngarepira.

9 Nalika iku Balak anake Zipor ratu ing Moab, banjur tumandang nglawan wong Israel tuwin kongkonan nyeluk Bileam bin Beor dikon ngipat-ipati leluhurira.

10 Nanging Ingsun ora karsa nyembadani marang Bileam mau, temah sira malah padha diberkahi. Kaya mangkono anggoningSun ngluwari sira saka ing tangane.

11 Bareng sira wus padha nyabrang ing bengawan Yarden, lan wus tekan ing Yerikho, wong-wong ing kutha iku, wong Amori, wong Feris, wong Kanaan, wong Het, wong Girgasi, wong Hewi lan wong Yebus banjur padha nglawan perang, nanging padha Sunulungake ing tanganira.

12 Ingsun banjur ngeculake laler cathak ana ing ngarepira, kang marakake wong padha keplayu saka ing ngarepira, padha kaya ratune wong Amori loro, ora srana pedhangira lan ora srana panahira.