1 Esuk-esuk Sang Senapati Yusak wus wungu, banjur bidhal saka ing Sitim kadherekake dening wong Israel kabeh. Bareng padha tekan ing bengawan Yarden, sadurunge nyabrang padha nginep ana ing kono.
2 Sawuse antara telung dina para tetindhihing wadya-bala banjur padha mider-mider ing sakehing pakemahan,
3 lan prentah marang wong sabangsa kabeh, pangucape: “Samangsa kowe padha ndeleng pethi prasetyane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kausung dening para imam, kang pancen saka taler Lewi, tumuli kowe iya padha budhala saka ing panggonanmu ngetutake pethi mau.
4 Mung bae anaa lete ing antarane pethi lan kowe, kira-kira rongewu asta, sarta pethi iku aja kokcedhaki, perlune kowe supaya weruha dalan kang bakal kokambah, amarga kowe biyen durung tau ngambah ing dalan kono.”
5 Apadene Sang Senapati Yusak ngandika marang para umat: “Padha sesucia, amarga sesuk Pangeran Yehuwah bakal nindakake kaelokan ana ing tengahmu.”
6 Para imam banjur didhawuhi Sang Senapati Yusak, mangkene: “Pethining prasetyan iku usungen banjur padha nyabranga ana ing ngarepe bangsa iku.” Para imam banjur padha ngusung pethi prasetyan sarta lumaku ana ing ngarepe bangsa iku.