7 Apadene Pangeran Yehuwah ngandika marang Sang Senapati Yusak: “Ing dina iki Ingsun bakal miwiti ngluhurake jenengira ana ing ngarepe umat Israel kabeh, supaya iku padha sumurupa, yen Ingsun bakal nunggil karo sira, kayadene anggoningSun nunggil karo Musa.
8 Para imam kang padha ngusung pethi prasetyan padha prentahana: “Satekamu ing pinggiring bengawan Yarden, padha mandhega ing satengahing bengawan kono.”
9 Sang Senapati Yusak banjur dhawuh marang wong Israel: “Padha nyedhaka, ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu.”
10 Sarta maneh pangandikane Sang Senapati Yusak: “Iki dadia titikane enggonmu padha sumurup, yen Gusti Allah kang sipat gesang ana ing satengahmu, lan mesthi bakal nundhungi wong Kanaan, wong Het, wong Hewi, wong Feris, wong Girgasi, wong Amori lan wong Yebus, saka ing ngarepmu!
11 Lan pethi prasetyan kagungane Gusti Allahing salumahing bumi lumaku ana ing ngarepmu nyabrang ing bengawan Yarden.
12 Mulane saiki padha miliha wong rolas saka ing taler-taler Israel, saben taler wong siji,
13 manawa tlapakane para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah, Gusti Allahing salumahe bumi mandheg ana ing banyuning bengawan Yarden, banyune dadakan banjur bakal piyak, banyune kang saka ing dhuwur temah bakal mandheg anggone mili dadi bendungan.”