1 Bareng umat kabeh wus padha nyabrang ing bengawan Yarden, Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Senapati Yusak, mangkene:
2 “Sira mijia wong rolas saka bangsa iku, saben taler wong siji, iku padha prentahana mangkene:
3 Padha njupuka watu rolas iji saka ing kene, saka ing satengahe bengawan Yarden iki, saka ing panggonan mandhege tlapakane para imam, padha usungen menyang ing sabrange bengawan, nuli selehna ana ing papan kang bakal kokinepi mengko bengi.”
4 Sang Senapati Yusak banjur nimbali wong rolas, kang wus piniji saka ing antarane wong Israel, saben taler wong siji,