Yusak 7:12-18 JAV

12 Mulane wong Israel ora bisa tahan ana ing ngarepe mungsuhe, padha ngungkurake mungsuhe, amarga wus padha katetepake bakal katumpes, Ingsun ora bakal nunggil karo sira maneh, manawa sira padha ora nyirnakake barang sengkeran iku saka ing tengahira.

13 Wis sira ngadega, bangsa iku sucekna lan dhawuhana mangkene: Padha sesucia tumeka ing dina sesuk, amarga pangandikane Pangeran Yehuwah Allahe Israel mangkene: Ing tengahira ana barang sengkeran, he Israel, sira bakal ora bisa tahan ana ing ngarepe mungsuhira sadurunge sira padha nyingkirake barang sengkeran iku saka ing tengahira.

14 Sesuk esuk padha majua miturut talerira dhewe-dhewe, anadene taler kang bakal dituding dening Pangeran Yehuwah iku majua miturut gotrahe dhewe-dhewe, sarta gotrah kang bakal dituding dening Pangeran Yehuwah iku majua miturut kulawargane dhewe-dhewe. Sabanjure kulawarga kang katuding dening Sang Yehuwah iku wonge padha majua ijen-ijen.

15 Lan sing sapa bakal katuding, yen kanggonan barang sengkeran mau, iku kaobonga ing geni, awake dhewe dalah sabarang darbeke kabeh, amarga nerak prasetyane Sang Yehuwah lan nglakoni pangewan-ewan ana ing antarane wong Israel.”

16 Senapati Yusak tumuli wungu wayah bangun esuk, banjur nimbali wong Israel padha kadhawuhan maju miturut talere, dene kang dituding iku taler Yehuda.

17 Bareng gotrah-gotrahe Yehuda padha ditimbali maju, gotrahe Zerah kang tinemu. Gotrahe Zerah mau bareng ditimbali maju miturut kulawarga, kulawargane Zabdi kang tinemu.

18 Kulawargane iku bareng ditimbali maju wonge lanang ijen-ijen nuli kang tinemu Akhan, bin Karmi, bin Zabdi, bin Zerah panunggalane taler Yehuda.