16 Senapati Yusak tumuli wungu wayah bangun esuk, banjur nimbali wong Israel padha kadhawuhan maju miturut talere, dene kang dituding iku taler Yehuda.
17 Bareng gotrah-gotrahe Yehuda padha ditimbali maju, gotrahe Zerah kang tinemu. Gotrahe Zerah mau bareng ditimbali maju miturut kulawarga, kulawargane Zabdi kang tinemu.
18 Kulawargane iku bareng ditimbali maju wonge lanang ijen-ijen nuli kang tinemu Akhan, bin Karmi, bin Zabdi, bin Zerah panunggalane taler Yehuda.
19 Pangandikane Senapati Yusak marang Akhan: “Anakku ngger, saosa urmat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel lan ngakua ana ing ngarsane; mara matura marang aku apa kang koklakoni, aja selak ana ing ngarepku!”
20 Akhan banjur mangsuli marang Senapati Yusak ature: “Saestu, kula damel dosa dhumateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, sabab makaten ingkang kula lampahi:
21 ing antawasipun barang jarahan punika kula tingali wonten jubahipun satunggal ingkang endah, damelan ing Sinear, sarta selaka kalih atus sekel, punapa dene jene salonjor ingkang wawratipun seket sekel; awit saking kepengin kula lajeng kula pendhet; lan barangipun sami kula dhelikaken wonten ing siti ing lebetipun kemah kula, selakanipun wonten ing ngandhap piyambak.”
22 Senapati Yusak banjur utusan uwong menyang ing kembah iku lan nyata barang-barange didhelikake ana ing kemahe Akhan, selakane ana ing ngisor dhewe.