4 Mulane kang nglurug mung watara wong telung ewu; nanging iku padha keplayu ana ing ngarepe wong ing Ai.
5 Amarga wong Ai padha oleh pepati panunggalane wong iku mau watara telung puluh nenem; wong Israel dioyak wiwit saka ing ngarepe gapuraning kutha nganti tutug ing Syebarim, anggone padha nggecak ana ing ereng-ereng. Atine para umat dadi pepes.
6 Senapati Yusak nuli nyuwek pangagemane sarta sujud sumungkem konjem ing bumi ana ing ngarepe pethining Yehuwah nganti tumeka ing wayah sore, bebarengan karo para tuwa-tuwane Israel, kambi nguwur-nguwuri lebu ing mustakane.
7 Sang Yusak banjur matur: “Dhuh Gusti kawula Sang Yehuwah, punapaa dene bangsa punika ngantos Paduka dhawuhi nyabrang ing benawi Yarden? punapa supados kawula sami kaulungaken ing tanganipun tiyang Amori, lajeng sami kasirnakaken? Langkung sae manawi kawula sami mutus tetep wonten ing sisih ngrikanipun benawi Yarden punika kemawon!
8 Dhuh Gusti, kawula badhe matur punapa, sasampunipun tiyang Israel keplajeng mengkeraken mengsahipun?
9 Manawi bab punika kapireng tiyang Kanaan saha sakathahipun tiyang nagari punika, boten sande kawula sami badhe dipun kepang sarta nama kawula badhe kasirnakaken saking bumi. Punapa ingkang badhe Paduka tindakaken damel mulihaken asma Paduka ingkang agung punika?”
10 Tumuli Sang Yehuwah ngandika marang Senapati Yusak: “Sira ngadega, yagene sira kok ungkeb-ungkeb mangkono?