Yusak 7:7-13 JAV

7 Sang Yusak banjur matur: “Dhuh Gusti kawula Sang Yehuwah, punapaa dene bangsa punika ngantos Paduka dhawuhi nyabrang ing benawi Yarden? punapa supados kawula sami kaulungaken ing tanganipun tiyang Amori, lajeng sami kasirnakaken? Langkung sae manawi kawula sami mutus tetep wonten ing sisih ngrikanipun benawi Yarden punika kemawon!

8 Dhuh Gusti, kawula badhe matur punapa, sasampunipun tiyang Israel keplajeng mengkeraken mengsahipun?

9 Manawi bab punika kapireng tiyang Kanaan saha sakathahipun tiyang nagari punika, boten sande kawula sami badhe dipun kepang sarta nama kawula badhe kasirnakaken saking bumi. Punapa ingkang badhe Paduka tindakaken damel mulihaken asma Paduka ingkang agung punika?”

10 Tumuli Sang Yehuwah ngandika marang Senapati Yusak: “Sira ngadega, yagene sira kok ungkeb-ungkeb mangkono?

11 Wong Israel wus padha gawe dosa, wus padha nerak prasetyaningSun kang wus Sundhawuhake marang dheweke kabeh, iya iku padha njupuk barang kang sinengker, padha nyolong, banjur didhelikake diworake karo barang darbeke.

12 Mulane wong Israel ora bisa tahan ana ing ngarepe mungsuhe, padha ngungkurake mungsuhe, amarga wus padha katetepake bakal katumpes, Ingsun ora bakal nunggil karo sira maneh, manawa sira padha ora nyirnakake barang sengkeran iku saka ing tengahira.

13 Wis sira ngadega, bangsa iku sucekna lan dhawuhana mangkene: Padha sesucia tumeka ing dina sesuk, amarga pangandikane Pangeran Yehuwah Allahe Israel mangkene: Ing tengahira ana barang sengkeran, he Israel, sira bakal ora bisa tahan ana ing ngarepe mungsuhira sadurunge sira padha nyingkirake barang sengkeran iku saka ing tengahira.