1 Sawuse mangkono Sang Yehuwah ngandika marang Senapati Yusak: “Sira aja wedi lan semplah atinira, sakehe bala gawanen, tumuli samektaa, ngluruga menyang ing kutha Ai. Kawruhana, ratu ing Ai dalah para kawulane, kuthane lan nagarane padha Sunulungake ing tanganira.
2 Kutha Ai dalah saratune iku padha sira patrapana kaya dene kang wus sira trapake marang kutha Yerikho lan ratune, mung barang-barange lan rajakayane iku kena sira jarah. Sira barisa pendhem ana ing pungkurane kutha.”
3 Senapati Yusak tumuli siyaga dalah sakehe wadyabala, arep nglurug menyang kutha Ai, Sang Yusak milih wong telung puluh ewu, pahlawan-pahlawan kang gagah prakosa, iku padha dilakokake ing wayah bengi;
4 sarta padha didhawuhi mangkene: “Kawruhana kowe padha barisa pendhem ana ing pungkurane kutha lan nempuh kutha iku, aja nganti kadohan saka ing kutha sarta kabeh padha siyagaa.
5 Dene aku lan sakehe bala kang ndherek aku bakal padha nyedhaki kuthane, nuli samangsa wonge padha metu methukake aku kabeh kaya kang dhingin, aku bakal padha lumayu saka ing ngarepe.