13 Dene carane mapagake bala iku mangkene: balane kabeh ana ing salore kutha lan barise pendhem ana ing sakulone kutha. Ing wayah bengi iku Sang Yusak lumampah miyos ing lebak kono.
14 Ing wayah esuk bareng ratu ing Ai mirsa kang kaya mangkono iku, banjur enggal-enggal miyosi perang karo rakyate kabeh, wong-wong ing kutha kono, sarta banjur nempuh wong Israel ana ing ereng-ereng ing ngarepe lebak; Sang Prabu ora mirsa yen ing burine kutha ana barisane pendhem.
15 Sang Senapati Yusak lan wong Israel kabeh nuli api-api kalah ana ing ngarepe bala ing Ai sarta banjur padha mlayu ngener ing ara-ara samun.
16 Mulane sakehe wong kang ana ing jero kutha padha dikerigake lan padha ngoyak wong Israel; tumuli padha ngoyak Sang Yusak, nganti saya adoh anggone kapancing saka ing kutha.
17 Ora ana siji-sijia wong kang keri ana ing Betel lan Ai, kang ora metu ngoyak wong Israel; kuthane ditinggal suwung, amarga wong-wong padha ngoyak wong Israel.
18 Ing kono nuli ana dhawuhe Sang Yehuwah marang Senapati Yusak: “Tumbak kang ana ing tanganira iku acungna marang kutha Ai, amarga kutha iku Sunulungake ing tanganira.” Senapati Yusak banjur ngacungake tumbak kang ana ing astane marang ing kutha Ai.
19 Bareng astane kaacungake baris pendhem mau banjur age-age jumedhul saka ing pandhelikane, mak nyat padha lumayu lumebu ing kutha, kang banjur karebut lan enggal-enggal diobong.