2 Kutha Ai dalah saratune iku padha sira patrapana kaya dene kang wus sira trapake marang kutha Yerikho lan ratune, mung barang-barange lan rajakayane iku kena sira jarah. Sira barisa pendhem ana ing pungkurane kutha.”
3 Senapati Yusak tumuli siyaga dalah sakehe wadyabala, arep nglurug menyang kutha Ai, Sang Yusak milih wong telung puluh ewu, pahlawan-pahlawan kang gagah prakosa, iku padha dilakokake ing wayah bengi;
4 sarta padha didhawuhi mangkene: “Kawruhana kowe padha barisa pendhem ana ing pungkurane kutha lan nempuh kutha iku, aja nganti kadohan saka ing kutha sarta kabeh padha siyagaa.
5 Dene aku lan sakehe bala kang ndherek aku bakal padha nyedhaki kuthane, nuli samangsa wonge padha metu methukake aku kabeh kaya kang dhingin, aku bakal padha lumayu saka ing ngarepe.
6 Dadi wong-wong iku bakal padha metoni ngoyak aku kabeh, temah bakal dakpancing nganti adoh saka ing kutha, ujer bakal duwe pangucap: Wonge padha keplayu saka ing ngarep kita kaya sing uwis. Dene manawa aku padha lumayu saka ing ngarepe,
7 kowe tumuli padha menyata saka ing pandhelikanmu, kuthane brokana. Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu mesthi bakal ngulungake marang ing tanganmu.
8 Dene sawise kuthane kokrayut, banjur obongen; kabeh iku padha tindakna ngetrepi dhawuhe Pangeran Yehuwah; gatekna, iku prentahku marang kowe.”