1 Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Zefanya bin Kusyi bin Gedalya bin Amarya bin Hizkia, nalika jamane Sang Prabu Yosia putrane Sang Prabu Amon, nata ing Yehuda.
2 “Ingsun bakal nyirnakake nganti resik samubarang kabeh saka ing salumahe bumi, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
3 Manungsa lan kewan bakal Suntumpes, manuk ing awang-awang lan iwak ing sagara samono uga. Ingsun bakal ngrubuhake wong duraka, sarta numpes manungsa saka ing salumahe bumi, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
4 Ingsun bakal ngagagake astaningSun marang Yehuda sarta sakehe wong isine Yerusalem. Kekarene Baal bakal Suntumpes saka ing panggonan iki dalah jenenge para imaming brahala.
5 Mangkono uga para wong kang memuja marang wadya-bala ing langit lan kang nyembah kalawan sumpah setya demi Sang Yehuwah lan iya demi Dewa Milkom,