1 Bilai si tukang mbalela lan kang nandhang kanisthan, he, kutha kang kebak panganiaya,
2 kang ora gelem ngrungokake pituture sapa bae, lan ora mreduli marang pamada, ora kumandel marang Pangeran Yehuwah lan ora sowan marang ing ngarsane Gusti Allah.
3 Para pangarep ing satengahe iku singa kang nggero; para hakime iku asu ajag ing wayah bengi, kang ora ngengehake apa-apa tumeka esuke.
4 Para nabine padha umuk-umukan lan cidra, para imame padha najisake apa kang suci, nerak marang angger-anggering Toret.
5 Nanging Pangeran Yehuwah iku adil ana ing satengahe, ora siya-siya, saben esuk maringake pranatane, ora tau kasep ing wayah bangbang wetan. Nanging wong kang ambek siya iku ora weruh ing isin.
6 “Ingsun wus numpes para bangsa, menara-menarane balowarti wus padha gempur; lurung-lurunge wus Sunrisak, nganti ora ana wong kang liwat. Kutha-kuthane wus kabongkar, nganti ora ana wonge kang ngenggoni, suwung kabeh.
7 PangiraningSun: Mesthine saiki bakal wedi marang Ingsun, lan migatekake marang pamada sarta sakehe kawajiban saka Ingsun ora bakal dilirwakake. Ewadene malah mundhak nemen anggone mbanjurake sakehing pokale kang ala.
8 Mulane sira padha ngentenana marang Ingsun -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, ing dina Ingsun karsa jumeneng dadi saksi. Marga putusaningSun iku ngempalake para bangsa lan nglempakake karajan-karajan, kang banjur Sunesoki bramatyaningSun, yaiku bebenduningSun kabeh kang mulad-mulad, sabab salumahing bumi bakal kamangsa dening genining butajenganingSun.”
9 “Nanging sawuse iku para bangsa bakal Sunparingi lambe liyane, yaiku lambe kang resik, supaya kabeh padha nyebuta asmane Pangeran Yehuwah, sarta padha ngabekti marang Panjenengane kalawan rukun.
10 Saka ing sabrange bengawan-bengawan ing tanah Etiopia, wong kang padha memuja Ingsun, kang wus kabuyarake, bakal padha nggawa pisungsung kagem Ingsun.
11 Ing dina iku sira ora bakal nandhang kawirangan, awit saka sakehe pokalira kang duraka marang Ingsun; marga ing dina iku Ingsun bakal nyingkirake saka ing tengahira wong-wongira kang padha umuk-umukan, sarta sira bakal ora ngluhurake dhiri maneh ana ing gunungingSun kang suci.
12 Lan ana ing tengahira Ingsun ngantunake umat kang andhap-asor lan ringkih, lan kang bakal golek pangayoman ana ing asmane Sang Yehuwah,
13 yaiku kekarene Israel iku. Iku bakal ora padha tumindak ambek siya lan ora ngucapake goroh, sarta ing cangkeme ora tinemu ilat kang cidra; awit bakal padha kaya wedhus gembel kang nyenggut lan mlegung, sarta ora ana kang gawe kagete.”
14 He putri Sion, padha giyak-giyaka! He Israel, padha surak-suraka! He putri ing Yerusalem, padha bungah-bungaha lan giyak-giyaka kalawan gumolonging ati.
15 Pangeran Yehuwah wus nyingkirake paukuman marang kowe, wus nyirnakake mungsuhmu. Ratune Israel, yaiku Pangeran Yehuwah, iku ana ing tengahmu, kowe ora bakal wedi marang kasangsaran maneh.
16 Ing dina iku bakal ana ucap-ucapan kang tumuju marang Yerusalem: “He Sion, aja wedi! Tanganmu aja nganti kendho.
17 Pangeran Yehuwah Allahmu ana ing tengahmu, bakal jumeneng dadi Pahlawan kang paring kaunggulan; banget karenan ing galih marga saka kowe. Panjenengane nganyarake kowe ana ing sihe, kanthi sumyak anggone sukarena ing ngatase kowe,
18 kaya ing dina parepatan gedhe.” “Ingsun bakal nyingkirake kasangsaran saka ing sira, satemah sira ora bakal nandhang pamada maneh.
19 Lan ing wektu iku Ingsun bakal matrapi wong kabeh kang wus nindhes marang sira; nanging mitulungi kang padha pincang, sarta ngumpulake kang padha pating slebar, lan sapira kang kawirangan bakal Sundadekake ingalembana lan misuwur ana ing salumahe bumi.
20 Ing wektu iku sira bakal Sunirid mulih, iya Sunklempakake lan Sundadekake misuwur lan ingalembana ana ing satengahe sakehe bangsa ing salumahe bumi, sarta kaananira bakal Sunpulihake ana ing sangarepe wong-wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.