15 Dene iku dinaning bebendu, dina kasusahan lan karubedan, dinane gempuran lan panumpesan, dinaning pepeteng lan surem, dinane mendhung lan pegowong,
16 dina ngunekake kalasangka lan surak-suraking perang nglawan kutha-kutha kang santosa sarta menara pojok kang dhuwur-dhuwur.
17 Para wong Sundhawahi karubedan, nganti anggone lumaku kaya wong wuta, sabab wus padha gawe dosa marang Pangeran Yehuwah. Getihe bakal kaesokake kaya awu lan jerohane kabuwang kaya tlethong.
18 Wong-wong iku ora kena kaluwaran kalawan salaka utawa mase, ing dina bebendune Sang Yehuwah; malah salumahing bumi bakal kamangsa dening genining bentere panggalihe Pangeran, marga Panjenengane ndhawahake karusakan, malah karusakan kang nggegirisi iku kacawisake kanggo sakehe wong kang padha manggon ing bumi.