20 Ana ing ngendi wong kang wasis? Ana ing ngendi ahli Toret? Ana ing ngendi juru bantah ing jaman iki? Gusti Allah rak wis ndadekake kawasisane jagad iki dadi kabodhoan?
21 Awit sarehne jagad sajroning kawicaksanane Gusti Allah ora wanuh marang Panjenengane kalawan kawasisane, mulane wus dadi keparenge Gusti Allah mitulungi rahayu marang para wong kang padha pracaya marga saka kabodhoaning pakabaran Injil.
22 Wong Yahudi padha njaluk pratandha, lan wong Yunani padha ngupaya kawasisan,
23 balik aku padha martakake Sang Kristus kang sinalib: mungguhing wong Yahudi dadi sandhungan lan tumrap kang dudu wong Yahudi dadi kabodhoan,
24 nanging tumrap para kang katimbalan, wonga Yahudi, wonga kang dudu wong Yahudi, Sang Kristus iku dadi kakiyataning Allah lan kawicaksananing Allah.
25 Awit kabodhoan kang saka Gusti Allah iku luwih wicaksana katimbang karo manungsa, lan karingkihan kang saka Gusti Allah iku luwih rosa katimbang karo manungsa.
26 Padha ngelingana bae para sadulur, kapriye kaananmu nalikane kowe padha katimbalan, miturut ukuraning manungsa ora akeh kang kalebu wong wasis, ora akeh wong kang kalebu gedhe wibawane, ora akeh wong kang kalebu bangsa luhur.