1 Para sadulur, ing saikine aku arep ngelingake bab Injil kang wus dakwartakake marang kowe, kang iya wus padha koktampani, lan uga kokantepi.
2 Iya Injil iku kang dadi margane kowe padha kapitulungan rahayu, anggere kowe padha mantep anggonmu ngugemi, kaya kang wus dakwartakake marang kowe -- kajaba ta yen anggonmu padha manjing pracaya iku mung nglaha bae.
3 Sabab kang wigati dhewe wus dakluntakake marang kowe, iya kaya kang wus daktampani dhewe, yaiku yen Sang Kristus wus nglampahi seda marga saka dosa-dosa kita, nyondhongi surasaning Kitab Suci,
4 manawa Panjenengane wus kasarekake, sarta ing telung dinane wus kawungokake, cundhuk karo surasaning Kitab Suci,
5 apadene Panjenengane wus ngatingal marang Kefas nuli marang para sakabate rolas.
6 Sawise iku, banjur ngatingal marang sadulur luwih saka limang atus bebarengan; kang akeh nganti saprene isih padha urip, salong iya wus padha mati.
7 Nuli ngatingal marang Yakobus, banjur marang para rasul kabeh.
8 Dene kang keri dhewe, ngatingal marang aku, padha kayadene marang anak kang lair durung mangsane.
9 Sabab aku iki kang asor dhewe ing antarane para rasul, ora patut disebut rasul, awit aku wus tau nguya-uya Pasamuwane Gusti Allah.
10 Nanging marga saka sih-rahmate Gusti Allah, aku dadi kaya ing sadadiku saiki iki, lan sih-rahmat kang kaparingake marang aku iku ora muspra. Sabab, aku wus nglakoni pagawean luwih akeh katimbang karo kancaku kabeh; mung bae dudu aku, nanging sih-rahmate Gusti Allah kang nunggil kalawan aku.
11 Kang iku, dadia aku, dadia para kancaku, kaya mangkono anggonku martakake, lan kaya mangkono anggonmu padha pracaya.
12 Anadene yen dakwartakake, manawa Sang Kristus kawungokake saka ing antarane wong mati, yagene ing antaramu kok ana kang ngarani manawa ora ana tangine wong mati?
13 Yen ta ora ana tangine wong mati, dadi Sang Kristus iya ora kawungokake.
14 Mangka manawa Sang Kristus ora kawungokake, dadi pawartaku iku kothong lan pracayamu iya kothong.
15 Malah aku iya banjur padha katitik dadi goroh ing ngatase Gusti Allah, awit aku padha martakake, yen Panjenengane wus mungokake Sang Kristus, mangka ora mungokake, iku mau saupama bener yen ora ana wong mati katangekake.
16 Sabab manawa nyata wong mati ora katangekake, dadi Sang Kristus iya ora kawungokake.
17 Lan manawa Sang Kristus ora kawungokake, pracayamu iku dadi tanpa guna, lan kowe isih padha kawengku ing dosamu.
18 Apadene mungguh para wong kang wus padha mati ana ing Sang Kristus, dadine iya padha nemahi tiwas.
19 Manawa anggon kita ngarep-arep marang Sang Kristus iku mung ing sajrone urip iki bae, dadi kita kalebu wong kang cilaka dhewe ing antarane manungsa kabeh.
20 Nanging kang bener iku yaiku manawa Sang Kristus wus kawungokake saka ing antarane wong mati, minangka kang wiwitan saka panunggalane kang wus padha mati.
21 Sabab, sarehne tekane pati iku marga saka wong siji, mangkono uga tangine wong mati iya marga saka wong siji.
22 Awit padha kaya ana ing Rama Adam wong kabeh padha mati, mangkono uga ana ing Sang Kristus wong kabeh iya bakal padha kauripake maneh.
23 Nanging saben wong manut urut-urutane: Sang Kristus minangka kang wiwitan, sawise iku kang padha dadi kagungane, besuk ing sarawuhe.
24 Sawuse mangkono banjur kang wekasan, yaiku samangsa Panjenengane masrahake Kraton marang Gusti Allah Sang Rama, sawise Panjenengane nyirnakake sakehe paprentahan, panguwasa sarta kakuwatan.
25 Sabab Panjenengane mesthi ngratoni nganti tumeka sakehe mungsuhe padha dikurebake ana ing sangisoring sampeyane.
26 Mungsuh kang pungkasan, kang disirnakake iku pati.
27 Ujer samubarang kabeh wus ditelukake ing sangisoring sampeyane. Nanging yen ana pangandika: “Samubarang katelukake, dadi wus tetela yen kang nelukake samubarang kabeh marang Panjenengane iku mau mesthi ora kalebu.
28 Dene besuk samangsa samubarang kabeh wus kalakon katelukake marang Sang Kristus, nuli Panjenengane piyambak kang jumeneng Putra iku bakal nelukake sarirane marang kang nelukake samubarang kabeh marang Panjenengane mau, supaya Gusti Allah jumenenga ngabehi ing sakabehe.
29 Yen ora mangkono, apa paedahe nglakoni kabaptis marga saka wong mati? Manawa babar pisan ora ana wong mati katangekake, sabab apa dene padha gelem kabaptis marga saka wong mati iku?
30 Lan uga aku kabeh -- yagene aku sawayah-wayah padha gelem nemahi bebaya?
31 Para sadulur, sadina-dina aku mati. Demi panggunggungku ing ngatase kowe ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita, kandhaku iki bener.
32 Yen ta cara manungsa, nalika ana ing Efesus aku nganti tarung karo kewan galak, bab iku apa ta paedahe mungguhing aku? Manawa wong mati padha ora katangekake, “payo padha mangan lan ngombe, awit sesuk kita padha mati.”
33 Kowe aja padha kasasar: Sesrawungan kang ala iku ngrusak padatan kang becik.
34 Padha dieling maneh kang temenan lan aja gawe dosa maneh! Sabab ing antaramu ana kang ora wanuh marang Gusti Allah. Bab iki daktuturake, supaya kowe padha rumangsa isin.
35 Nanging bokmanawa ana wong kang takon: “Wong mati iku kapriye anggone katangekake? Lan tekane maneh nganggo badan kang kaya apa?”
36 Heh wong bodho! Apa kang koksebar dhewe iku ora bakal thukul sarta urip, manawa ora mati dhisik.
37 Lan apa kang koksebar iku dudu wujuding tanduran kang bakal thukul, nanging wiji las-lasan, upamane wiji gandum utawa wiji liyane.
38 Nanging Gusti Allah maringi wujud, kaya kang kinarsakake, saben wiji, kaparingan wujud dhewe.
39 Sarupane daging iku ora padha: daging manungsa beda karo daging kewan, beda karo daging manuk, beda karo daging iwak.
40 Ana badan kaswargan lan ana badan kadonyan, nanging cahyane kang ana ing swarga ora padha karo kang ana ing bumi.
41 Cahyaning srengenge beda karo cahyaning rembulan, sarta cahyaning rembulan beda karo cahyaning lintang-lintang, lan cahyaning lintang kang siji beda karo cahyaning lintang sijine.
42 Mangkono uga mungguh bakal tangine wong mati. Kang kasebar iku nandhang karusakan, kang katangekake iku sinandhangan kalanggengan.
43 Kang kasebar iku nandhang nistha, kang katangekake sinandhangan kamulyan. Kang kasebar iku nandhang kaapesan, kang katangekake kadunungan kakuwatan.
44 Kang kasebar iku badan kajiwan, kang katangekake iku badan kasukman.Yen ana badan kajiwan, uga ana badan kasukman.
45 Kaya kang tinulis, wiraose: “Manungsa wiwitan, Adam, iku dadi titah kang urip. Adam kang wekasan iku dadi sukma kang nguripake.”
46 Anadene kang dhisik tekane iku dudu kang kasukman, nanging kang kajiwan, sawise iku nuli kang kasukman.
47 Manungsa kang kawitan iku asale saka lemah sarta asipat kadonyan, dene manungsa kang kapindho asale saka ing swarga.
48 Titah-titah kadonyan iku padha karo kang asale saka lemah mau, dene titah-titah kaswargan iku padha karo Panjenengane kang asale saka ing swarga.
49 Sarta kayadene kita wus kadunungan rupa kadonyan, mangkono uga kita iya bakal kadunungan rupa kang saka ing swarga.
50 Iki kang daktuturake marang kowe, para sadulur: daging lan getih ora bisa tampa panduman Kratoning Allah, lan kang kena ing rusak iku ora tampa panduman kang ora rusak.
51 Padha gatekna, aku nglairake sawijining wewadi marang kowe: kita bakal padha ora ngalami mati kabeh, nanging kita kabeh bakal padha malih rupa,
52 ing sakedhap netra, bareng karo unine kalasangka kang wekasan. Awitdene kalasangkane bakal muni, para wong mati banjur bakal katangekake kalawan kadunungan kaanan kang ora kena ing rusak lan kita padha malih rupa kabeh.
53 Sabab kang kena ing rusak iki kudu ngrasuk kang ora kena ing rusak, lan kang kena ing pati iki ngrasuk kang ora kena ing pati.
54 Lan sawise kang kena ing rusak iki ngrasuk kang ora kena ing rusak, sarta kang kena ing pati iki ngrasuk kangora kena ing pati, ing kono bakal kayektenan pangandikaning Pangeran kang tinulis, wiraose: “Pati wus kalebur ing kaunggulan.”
55 Heh pati, ana ing ngendi kaunggulanmu? Heh pati, ana ing ngendi entupmu?
56 Mungguh entupe pati iya iku dosa, lan pikuwate dosa iku angger-anggering Toret.
57 Nanging puji sokur konjuk ing ngarsane Gusti Allah, kang paring kaunggulan marang kita marga saka Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.
58 Mulane para sadulurku kang kinasih, kowe padha dibakuh, ditanpa gingsir, lan tansah di sregep anggonmu nglakoni ayahane Gusti! Awit kowe padha sumurup, yen ana ing patunggilaning Gusti, kangelanmu mesthi ora muspra.