1 Padha nulada marang aku, dikaya aku iya nulad Sang Kristus.
2 Aku ngalem kowe, sabab ana ing samubarang prakara kowe padha tetep eling marang aku lan padha ngantepi piwulang kang dakwenehake marang kowe.
3 Nanging karepku, kowe padha nyumurupana bab iki, yaiku sesirahe saben wong lanang iku Sang Kristus, dene sesirahe wong wadon iku kang lanang, sarta Sesirahe Sang Kristus iku Gusti Allah.
4 Saben wong lanang kang ndedonga utawa medhar wangsit kanthi sirah kudhungan, iku ngremehake sirahe dhewe.
5 Nanging saben wong wadon kang ndedonga utawa medhar wangsit sirahe tanpa kekudhung, iku ngremehake sirahe dhewe, sabab padha bae karo wong wadon gundhul.
6 Sabab wong wadon manawa ora gelem kudhungan, iku aluwung cukura pisan. Nanging manawa cukuran iku njalari remehing wong wadon, becike iya padha nganggoa kudhung.
7 Dene wong lanang iku ora prelu nganggo kudhung, awit wong lanang iku nyunarake citra lan kamulyaning Allah. Dene wong wadon iku nyunarake kamulyaning wong lanang.
8 Ujer wong lanang iku asale ora saka wong wadon, nanging wong wadon kang asale saka wong lanang.
9 Sarta wong lanang iku anggone katitahake ora marga saka wong wadon, nanging wong wadon kang katitahake marga saka wong lanang.
10 Mulane wong wadon iku nganggo pratandhaning kawibawane ana ing sirahe, marga saka para malaekat.
11 Ewadene, ana ing Gusti ora ana wong wadon tanpa wong lanang, lan ora ana wong lanang tanpa wong wadon.
12 Awit kayadene anane wong wadon iku saka wong lanang, mangkono uga anane wong lanang iku lantaran wong wadon; lan samubarang kabeh iku pinangkane saka Gusti Allah.
13 Padha timbang-timbangen dhewe: Apa pantes wong wadon ndedonga marang Gusti Allah, sirahe kok ora kudhungan?
14 Saka kodrate dhewe rak wis tetela tumrap kowe, yen asor mungguhing wong lanang, samangsa rambute diingu dawa?
15 Nanging tumrap wong wadon ngingu rambut iku dadi lan kajene. Awit rambut iku kaparingake minangka kudhung.
16 Nanging yen ana wong kang kudu rebut bener, aku utawa pasamuwan-pasamuwane Gusti Allah padha ora duwe pakulinan kang kaya mangkono iku.
17 Ing sajrone aku aweh pranatan-pranatan sabanjure iki aku ora bisa ngalem kowe, awit anggonmu padha kumpulan iku ora ndadekake mundhak becik, nanging malah mundhak ala.
18 Sabab, dhisike aku krungu, samangsa kowe padha masamuwan, ing antaramu ana pasulayan, mangka satengahe aku iya ngandel.
19 Awit ing antaramu pancen kudu ana pasulayan, supaya ing mengko katitika sapa saka ing antaramu kang padha tumemen.
20 Manawa kowe padha masamuwan iku ora nedya mangan bujanane Gusti.
21 Sabab nalikane padha kembul mangan iku, saben wong ndhisiki njupuk pangane dhewe, satemah kang siji kaluwen, sijine mendem.
22 Apa kowe ora duwe omah dhewe kang kena kokenggo mangan lan ngombe? Apa kowe padha arep ngremehake pasamuwane Gusti Allah, sarta mirangake wong kang padha ora deduwen? Apa ta kang arep daktuturake marang kowe? Apa aku kudu ngalem kowe? Tumrap prakara iki, aku ora ngalem.
23 Sabab apa kang wis daktampa saka Gusti iku, iya wus dakluntakake marang kowe, yaiku, yen Gusti Yesus, ing wayah bengi nalikane Panjenengane ndungkap kaulungake, mendhet roti,
24 lan sauwise saos sokur, tumuli dicuwil-cuwil sarta ngandika: “Iki badanKu, kan kaulungake marga saka kowe; iki padha tindakna minangka pangeling-eling marang Aku!”
25 Mangkono uga tuwunge, sawuse dhahar, pangandikane: “Tuwung iki prajanjian anyar kang kaecap kalawan getihKu. Saben-saben kowe padha ngombe, iku gawenen pangeling-eling marang Aku!”
26 Awit saben-saben kowe padha mangan roti iki sarta ngombe ing tuwung iki, iku ateges kowe padha martakake sedane Gusti nganti tumeka ing rawuhe.
27 Dadi sing sapa kanthi sawiyah-wiyah anggone mangan roti sarta ngombe ing tuwunge Gusti, iku dosa marang sarira lan rahe Gusti.
28 Mulane saben wong ndadara awake dhewe, lan sawise mangkono lagi mangan roti lan ngombe ing tuwung iku.
29 Sabab sing sapa mangan sarta ngombe ora kalawan ngakoni sarirane Gusti, iku bakal nekakake paukuman marang awake dhewe.
30 Mulane akeh ing antaramu kang padha ringkih lan laranen, sarta ora sathithik kang padha nemahi pati.
31 Nanging manawa kita padha ndadar awak kita dhewe, kita ora bakal tampa paukuman.
32 Nanging manawa kita padha tampa paukuman saka Gusti, iku kita padha kaperdi, supaya kita aja nganti kaukum barengan karo jagad.
33 Mulane para sadulurku, samangsa kowe padha klumpukan mangan, padha enten-ingentenana.
34 Dene yen ana wong kang luwe, becike mangan dhisik ana ing omahe, supaya anggonmu padha kumpulan iku aja nganti nekakake paukuman. Mungguh bab-bab liyane bakal dakpranata besuk satekaku.