10 Sarta aja padha grundelan kaya sawenehing panunggalane, satemah padha ditumpes dening malaekating pati.
11 Kabeh iki mau wus tumempuh marang wong-wong mau minangka tuladha, lan katulisan supaya dadia pepeling tumrap kita kang wus padha urip ing pungkasaning jaman.
12 Mulane sing sapa rumangsa ngadeg jejeg, dingati-ati aja nganti tiba!
13 Kang padha kokalami iku pacoban-pacoban kang lumrah, kang ora ngluwihi kakuwataning manungsa. Sabab Gusti Allah iku setya tuhu, ora bakal negakake kowe kacoba ngluwihi saka ing kakuwatanmu. Manawa kowe kena ing coba, Panjenengane bakal maringi marganing luwar, satemah kowe padha bisa mbetahake.
14 Mulane para kekasihku, padha nyingkirana panyembahing brahala.
15 Aku pitutur marang kowe iku kaya marang wong kang padha duwe pangreten. Padha timbangen dhewe apa kang dakpituturake!
16 Tuwunging pamuji sokur kang kita pujekake, apa ora minangka patunggalan klayan rohe Sang Kristus? Apa roti kang kita cuwil-cuwil iku ora minangka patunggalan klayan sarirane Sang Kristus?