13 Kang padha kokalami iku pacoban-pacoban kang lumrah, kang ora ngluwihi kakuwataning manungsa. Sabab Gusti Allah iku setya tuhu, ora bakal negakake kowe kacoba ngluwihi saka ing kakuwatanmu. Manawa kowe kena ing coba, Panjenengane bakal maringi marganing luwar, satemah kowe padha bisa mbetahake.
14 Mulane para kekasihku, padha nyingkirana panyembahing brahala.
15 Aku pitutur marang kowe iku kaya marang wong kang padha duwe pangreten. Padha timbangen dhewe apa kang dakpituturake!
16 Tuwunging pamuji sokur kang kita pujekake, apa ora minangka patunggalan klayan rohe Sang Kristus? Apa roti kang kita cuwil-cuwil iku ora minangka patunggalan klayan sarirane Sang Kristus?
17 Ing sarehne rotine iku mung siji, kang iku kita sanadyan akeh, dadi badan siji; marga kabeh padha oleh panduman saka roti siji iku.
18 Padha titenana bangsa Israel kang mungguh ing daging: wong kang padha mangan kurban iku rak oleh panduman ing paladosaning misbyah, ta?
19 Apa ta kang dakkarepake kandha mangkono iku? Apa sesajening brahala iku ana tegese? Utawa, apa brahala iku ana kanyataane?