1-2 Anadene karepku, para sadulur, supaya kowe padha ngreti, yen para leluhur kita padha kaauban ing mega, lan kabeh wis padha lumaku nratas patunggilane Nabi Musa sarana kabaptis ana ing mega lan ing sagara mau.
3 Kabeh padha mangan tunggal pangan kasukman,
4 lan kabeh padha ngombe tunggal omben-omben kasukman, awit padha ngombe saka ing parang kasukman kang ngetutake lakune, dene parang mau yaiku Sang Kristus.
5 Ewadene panunggalane kang akeh padha ora ndadekake keparenge Gusti Allah, ujer padha katumpes ana ing pasamunan.
6 Kabeh iki mau wis kalakon minangka tuladha lan pepeling tumrap kita, supaya kita aja nganti padha kapengin marang piala, kaya kang wus katindakake dening wong-wong mau,
7 lan kita aja nganti padha dadi wong nyembah brahala kaya sawenehing panunggalane, kaya kang katulisan, wiraose: “Wong akeh iku padha lelungguhan, mangan lan ngombe; banjur padha ngadeg lan seneng-seneng.”
8 Kita aja padha laku jina, kaya kang padha katindakake dening sawenehing panunggalane, temahan ana wong telu likur ewu kang padha mati sadina.