25 Kowe padha kena mangan apa bae kang diedol ana ing pasar daging, aja nganggo neges apa-apa marga saka ganggaming ati.
26 Sabab “bumi saisine kabeh iku kagungane Pangeran.”
27 Manawa kowe padha diulemi dening wong kang ora pracaya, lan uleman iku koktampani, padha mangana apa bae kang disuguhake marang kowe, aja nganggo neges apa-apa marga saka ganggaming ati.
28 Nanging yen ana wong kang ngandhani kowe, “Iku sesajening brahala!” aja kokpangan, marga saka kang ngandhani mau lan iya awit saka pangrasaning ati.
29 Kang dakkarepake pangrasaning ati iku dudu pangrasaning atimu dhewe, nanging atine wong liya iku. Bokmanawa ana wong calathu: “Yagene ta, dene kamardikanku kok ditemtokake dening pangrasaning atine wong liya?
30 Manawa aku melu mangan apa-apa kanthi saos sokur, yagene aku kok dialakake marga saka panganan kang daksokuri iku mau?
31 Wangsulanku mangkene: Dadia kowe mangan, dadia kowe ngombe, dadia nglakoni apa bae liyane, kabeh iku mau lakonana kagem kaluhurane Gusti Allah.