21 Kang iku mripat ora kena calathu marang tangan mangkene: “Aku ora butuh kowe.” Lan sirah ora kena calathu marang sikil mangkene: “Aku ora butuh kowe.”
22 Malah peranganing badan kang ringkih dhewe, iku kang dibutuhake banget.
23 Lan gegelitaning badan kang miturut wawasan kita ora pati ana ajine, iku padha kita paesi ngleluwihi. Sarta peranganing badan kita kang saru, iku padha kita rukti kalawan becik banget.
24 Dene perang-peranganing badan kita kang wus pantes iku ora prelu karukti mangkono. Ujer Gusti Allah anggone ndhapuk badan kita iku kalawan paring pangaji-aji kang linuwih marang perangan kang rupane ora pantes,
25 supaya ing sajroning badan aja nganti ana pasulayan, nanging kabeh perangan kang beda-beda kaanane iku malah padha reksa-rineksaa.
26 Mulane yen ana perangan siji kang lara, perangan liyane kabeh padha melu ngrasakake; manawa ana siji kang ingajenan, kabeh padha melu bungah.
27 Kowe iku padha dadi sarirane Sang Kristus, sarta siji-sijine padha dadi perangane.