2 Sapa kang ngucapake basa-roh, iku pangucape ora tumuju marang manungsa nanging marang Gusti Allah. Sabab ora ana wong kang mangreti basane; wong iku pangucape bab-bab kang winadi, marga saka Sang Roh.
3 Balik sapa kang medhar wangsit iku, anggone ngucap marang manungsa awujud pambangun, pitutur sarta panglipur.
4 Sing sapa calathu nganggo basa-roh iku mbangun awake dhewe; balik sapa kang medhar wangsit iku mbangun pasamuwan.
5 Aku seneng bae manawa kowe kabeh padha bisa ngucap nganggo basa-roh, nanging luwih seneng maneh manawa kowe padha medhar wangsit. Sabab sapa kang medhar wangsit iku luwih migunani katimbang karo kang ngucap nganggo basa-roh, kajaba manawa wong iku iya banjur nerangake jarwane uga, satemah pasamuwan kabangun.
6 Kang iku para sadulur, saupama aku nekani kowe lan ngucap nganggo basa-roh, iku apa paedahe tumraping kowe, manawa aku ora mratelakake bab wedharaning Allah, apa kawruh, utawa pamedhar wangsit apa piwulang?
7 Iku padha bae karo piranti kang tanpa nyawa, nanging bisa muni, kaya ta suling lan clempung -- yen iku swarane ora beda, kapriye bisane wong nyumurupi lagu apa kang diunekake ing suling utawa clempung mau?
8 Utawa manawa swarane slompret ora cetha, sapa kang bakal siyaga ing perang?