22 Dadine basa-roh iku minangka pratandha kanggo wong kang padha ora pracaya, ora kanggo wong kang padha pracaya; dene pamedhar wangsit iku minangka pratandha kanggo wong kang padha pracaya, ora kanggo wong kang ora padha pracaya.
23 Kang iku manawa pasamuwan kabeh padha nglumpuk, lan saben wong padha calathu nganggo basa-roh, nuli ana wong jaba utawa wong kang ora pracaya padha lumebu, apa wong iku ora bakal padha ngarani, yen kowe padha ngomyang?
24 Balik manawa kabeh padha medhar wangsit, nuli ana wong kang ora pracaya utawa wong anyar lumebu, iku bakal kawelehake dening wong akeh, sarta dititi-priksa dening wong akeh mau;
25 sakehe wewadi kang sumimpen ana ing batine bakal kelair, satemah bakal sumungkem sujud marang Gusti Allah sarta ngakoni: “Sanyata Gusti Allah ana ing tengah-tengahmu.”
26 Kang iku saiki kapriye, para sadulur? Samangsa kowe padha kumpulan, saben wong padha nyaosna pisungsung: kang siji masmur, sijine piwulang utawa wedharaning Allah, utawa peparing basa-roh, utawa njarwakake basa-roh, nanging kabeh iku mau katindakna kanggo mbangun.
27 Dene manawa ana kang ngucap nganggo basa-roh, becike wong loro utawa keh-kehe wong telu bae, giliran, lan anaa siji kang njarwakake.
28 Nanging manawa ora ana wong kang bisa njarwakake, becike wong-wong mau ana ing pasamuwan padha menenga bae, mung mosika ana ing atine dhewe, lan munjuk ana ing ngarsaning Allah.