5 Aku seneng bae manawa kowe kabeh padha bisa ngucap nganggo basa-roh, nanging luwih seneng maneh manawa kowe padha medhar wangsit. Sabab sapa kang medhar wangsit iku luwih migunani katimbang karo kang ngucap nganggo basa-roh, kajaba manawa wong iku iya banjur nerangake jarwane uga, satemah pasamuwan kabangun.
6 Kang iku para sadulur, saupama aku nekani kowe lan ngucap nganggo basa-roh, iku apa paedahe tumraping kowe, manawa aku ora mratelakake bab wedharaning Allah, apa kawruh, utawa pamedhar wangsit apa piwulang?
7 Iku padha bae karo piranti kang tanpa nyawa, nanging bisa muni, kaya ta suling lan clempung -- yen iku swarane ora beda, kapriye bisane wong nyumurupi lagu apa kang diunekake ing suling utawa clempung mau?
8 Utawa manawa swarane slompret ora cetha, sapa kang bakal siyaga ing perang?
9 Mangkono uga kowe, kang padha calathu nganggo basa-roh: manawa kowe ora migunakake tembung-tembung kang cetha, kapriye bisane wong padha mangreti kang kokucapake? Dadine calathumu tanpa guna kaya nyalathoni angin!
10 Akeh warnane basa ing jagad iki, embuh pira cacahe, ewasamono ora ana siji bae ing antarane basa-basa mau kang tanpa teges.
11 Nanging manawa aku ora ngreti marang basa mau, aku rak ateges dadi wong manca tumraping wong kang migunakake basa iku, lan wong iku dadi wong manca tumraping aku.