15 Malah aku iya banjur padha katitik dadi goroh ing ngatase Gusti Allah, awit aku padha martakake, yen Panjenengane wus mungokake Sang Kristus, mangka ora mungokake, iku mau saupama bener yen ora ana wong mati katangekake.
16 Sabab manawa nyata wong mati ora katangekake, dadi Sang Kristus iya ora kawungokake.
17 Lan manawa Sang Kristus ora kawungokake, pracayamu iku dadi tanpa guna, lan kowe isih padha kawengku ing dosamu.
18 Apadene mungguh para wong kang wus padha mati ana ing Sang Kristus, dadine iya padha nemahi tiwas.
19 Manawa anggon kita ngarep-arep marang Sang Kristus iku mung ing sajrone urip iki bae, dadi kita kalebu wong kang cilaka dhewe ing antarane manungsa kabeh.
20 Nanging kang bener iku yaiku manawa Sang Kristus wus kawungokake saka ing antarane wong mati, minangka kang wiwitan saka panunggalane kang wus padha mati.
21 Sabab, sarehne tekane pati iku marga saka wong siji, mangkono uga tangine wong mati iya marga saka wong siji.