19 Sakehe pasamuwan ing tanah Asia-Cilik padha kirim salam marang kowe kabeh. Akwila, Priska dalah pasamuwan kang ana ing omahe padha kirim salam mawantu-wantu marang kowe.
20 Sadulur kabeh padha kirim salam marang kowe. Padha salam-salamana kalawan pangambung suci.
21 Kalawan tanganku dhewe, aku nulis iki: Salam saka Paulus.
22 Sapa kang ora tresna marang Gusti, iku kenaa ing ipat-ipat. Maranata!
23 Sih-rahmate Gusti Yesus, nunggila ing kowe kabeh.
24 Tresnaku anaa ing kowe kabeh sajroning patunggilane Sang Kristus Yesus.