20 Lan ing panggonan liya, mangkene: “Pangeran mirsa, yen ciptane wong wicaksana iku kabeh tanpa guna.”
21 Mulane aja nganti ana wong kang ngegungake manungsa, amarga samubarang kabeh iku dadi darbekmu;
22 dadia Paulus, dadia Kefas, dadia jagad, dadia urip utawa pati, dadia wektu saiki utawa wektu kang bakal kalakon, iku kabeh darbekmu.
23 Nanging kowe padha dadi kagungane Sang Kristus, sarta Sang Kristus iku kagungane Gusti Allah.