1 Kang iku, aku padha dianggepa kaya mangkono iku: dadi abdine Sang Kristus, kang pinracaya rumeksa ing kekerane Gusti Allah.
2 Tumrap para abdi kang kaya mangkono iku, mung siji sarate: yaiku temen.
3 Tumraping aku dakanggep sepele, apa kowe utawa sadhengah pangadilaning manungsa kang ngadili marang aku. Malah awakku dhewe iya ora dakadili.
4 Sabab aku pancen ora rumangsa apa-apa, ananging ora awit saka iku anggonku kabenerake. Kang ngadili aku iku Gusti.
5 Mulane kowe aja ngadili sadurunge tekan ing wektune, yaiku sadurunge Gusti rawuh. Panjenengane kang bakal medharake samubarang kang sumimpen ana ing pepeteng, lan kang bakal nglairake ciptaning ati. Ing kono saben wong bakal oleh pangalem saka Gusti Allah.