8 Kowe iku wus padha wareg, kowe wus padha dadi sugih, tanpa aku kowe wus padha dadi ratu. Wah saiba becike yen ta pancen nyata mangkono, manawa kowe wus padha dadi ratu, satemah aku iya padha melu dadi ratu karo kowe!
9 Sabab mungguhing panemuku Gusti Allah maringi papan kang asor dhewe marang aku, para rasul, padha karo wong kang wus kapatrapan ing paukuman pati, ujer aku wus padha dadi tontonaning jagad, para malaekat sarta manungsa.
10 Aku iki padha bodho awit saka Sang Kristus, nanging kowe padha wasis ana ing Sang Kristus. Aku padha apes, nanging kowe padha rosa. Kowe padha mulya, nanging aku padha ora kajen.
11 Nganti tumeka ing wektu iki aku padha nandhang luwe, ngelak, kawudan, digebugi sarta padha urip nglembara,
12 aku nglakoni pagawean kasar kang abot. Yen aku dipoyoki, aku padha mujekake becik; yen aku dikuya-kuya, aku padha sabar;
13 yen aku dipitenah, aku padha males sumeh; aku wis padha dadi leletheking jagad, padha karo kesede wong kabeh nganti tumeka saiki.
14 Bab iki daktulis ora nedya gawe isinmu, nanging kanggo ngelingake kowe kabeh kang dadi anak-anakku kang daktresnani.