1 Apa ana wong ing antaramu kang manawa prakaran karo padha sadulur, kok wani golek pangadilan marang wong kang padha ora pracaya, ora marang para suci?
2 Utawa apa kowe padha ora sumurup, yen ta para suci bakal ngadili jagad? Lan manawa pangadilane jagad iku ana ing tanganmu, apa kowe ora saguh ngrampungi prakara-prakara sing remeh?
3 Apa kowe padha ora smurup, yen kita bakal ngadili para malaekat? Apamaneh prakara-prakara kang lumrah-lumrah.
4 Sanadyan mangkono manawa kowe arep ngurus prakara-prakara kang lumrah, apa banjur kokpasrahake marang wong kang ora kepetung ana ing pasamuwan?
5 Bab iki dakkandhakake, supaya kowe padha rumangsa isin. Apa siji bae ora ana ta ing antaramu kang wicaksana, kang bisa ngrampungi prakarane para sadulure?