2 Utawa apa kowe padha ora sumurup, yen ta para suci bakal ngadili jagad? Lan manawa pangadilane jagad iku ana ing tanganmu, apa kowe ora saguh ngrampungi prakara-prakara sing remeh?
3 Apa kowe padha ora smurup, yen kita bakal ngadili para malaekat? Apamaneh prakara-prakara kang lumrah-lumrah.
4 Sanadyan mangkono manawa kowe arep ngurus prakara-prakara kang lumrah, apa banjur kokpasrahake marang wong kang ora kepetung ana ing pasamuwan?
5 Bab iki dakkandhakake, supaya kowe padha rumangsa isin. Apa siji bae ora ana ta ing antaramu kang wicaksana, kang bisa ngrampungi prakarane para sadulure?
6 Apa ya lenggah ta yen anggone padha golek adil ing antarane sadulur, malah marang wong kang ora pracaya?
7 Bab anane prakara kang tuwuh ana ing antaramu iku bae, wus nelakake anggonmu padha kuciwa. Yagene kowe ora milaur nrima digawe sawenang-wenang? Yagene kowe ora nrima ketunan?
8 Ananging kowe dhewe malah padha tumindak sawenang-wenang lan padha gawe pituna, tur bab ku tumanduk marang para sadulurmu dhewe.