6 Apa ya lenggah ta yen anggone padha golek adil ing antarane sadulur, malah marang wong kang ora pracaya?
7 Bab anane prakara kang tuwuh ana ing antaramu iku bae, wus nelakake anggonmu padha kuciwa. Yagene kowe ora milaur nrima digawe sawenang-wenang? Yagene kowe ora nrima ketunan?
8 Ananging kowe dhewe malah padha tumindak sawenang-wenang lan padha gawe pituna, tur bab ku tumanduk marang para sadulurmu dhewe.
9 Utawa kowe padha ora sumurup, yen wong kang padha ora adil iku bakal ora tampa panduman warisan Kratoning Allah?Aja padha kesasar. Wong kang laku jina, nyembah brahala, laku bedhang, dadi gemblak, laku jindik,
10 kang nyenyolong, cethil, seneng mendem, tukang mitenah lan tukang ngapusi, iku ora bakal tampa panduman warisan Kratoning Allah.
11 Lan sawenehing panunggalanmu biyen iya kaya mangkono iku, nanging kowe wus padha masrahake awakmu supaya diresiki, kowe wus padha kasucekake, wus padha kabenerake marga saka Asmane Gusti Yesus Kristus lan marga dening Rohe Allah kita.
12 Aku wenang samubarang, nanging ora samubarang maedahi. Tumraping aku samubarang kabeh iku kalal, nanging awakku dakjaga aja nganti kawasesa dening sadhengaha apa bae.