1 Mungguh prakara-prakara kang kamot ing layangmu marang aku iku, becik tumrape wong lanang, yen ora sesomahan,
2 nanging ngelingi anane bebaya laku jina, becike saben wong lanang duwea somah dhewe lan wong wadon duwea bojo dhewe.
3 Kang lanang netepana kawajibane marang somahe, mangkono uga kang wadon marang bojone.
4 Kang wadon ora nguwasani badane dhewe, nanging kang lanang. Mangkono uga kang lanang iya ora nguwasani badane dhewe, nanging kang wadon.
5 Kowe aja padha cegah-cinegah, kajaba kalawan padha sarujuke kanggo ing sawatara mangsa, supaya kowe bisa mligekake wektu kanggo ndedonga. Nanging sawise iku padha kumpula maneh, supaya Iblis aja nganti nggodha kowe, awit saka anggonmu ora kuwat nyegah.
6 Bab iki daktuturake marang kowe minangka palilah, ora minangka prentah.