30 lan wong kang padha nangis, dikaya ora nangis; lan kang bungah dikaya ora bungah; sarta para wong kang tetuku, dikaya ora nduweni kang dituku;
31 ringkese, wong kang padha nganggo barang-barang kadonyan iki, dikaya ora nganggo. Sabab donya kang kita sumurupi saiki iki, bakal sirna.
32 Kang dakkarepake, supaya kowe padha urip tanpa was-sumelang. Wong lanang kang ora sesomahan, ngelengake kang mungguh ing Gusti, kapriye murih dadi keparenge Gusti.
33 Dene wong lanang kang sesomahan, ngelengake kang mungguh ing kadonyan, kapriye bisane gawe senenge kang wadon,
34 lan marga saka mangkono pikirane banjur kabage-bage. Wong wadon kang ora bebojoan, sarta para prawan, padha ngelengake kang mungguh ing Gusti, supaya jiwa-ragane dadi suci. Nanging wong wadon kang bebojoan ngelengake prakara kadonyan, kapriye bisane gawe senenge kang lanang.
35 Kabeh iki mau daktuturake kanggo kabutuhanmu dhewe, ora nedya ngalang-alangi kekarepanmu, nanging malah supaya kowe padha nglakonana samubarang kang bener lan becik sarta supaya anggonmu leladi marang Gusti tanpa alangan.
36 Dene manawa ana wong duwe pangira, yen anggone ngrengkuh marang prawane kurang samesthine, manawa prawan mau sangsaya tuwa, mangka duwe rasa adreng kudu neningkahan, manawa pancen karepe mangkono, kareben neningkahan. Iku ora dosa.