34 lan marga saka mangkono pikirane banjur kabage-bage. Wong wadon kang ora bebojoan, sarta para prawan, padha ngelengake kang mungguh ing Gusti, supaya jiwa-ragane dadi suci. Nanging wong wadon kang bebojoan ngelengake prakara kadonyan, kapriye bisane gawe senenge kang lanang.
35 Kabeh iki mau daktuturake kanggo kabutuhanmu dhewe, ora nedya ngalang-alangi kekarepanmu, nanging malah supaya kowe padha nglakonana samubarang kang bener lan becik sarta supaya anggonmu leladi marang Gusti tanpa alangan.
36 Dene manawa ana wong duwe pangira, yen anggone ngrengkuh marang prawane kurang samesthine, manawa prawan mau sangsaya tuwa, mangka duwe rasa adreng kudu neningkahan, manawa pancen karepe mangkono, kareben neningkahan. Iku ora dosa.
37 Dene manawa ana wong kang atine yakin, ora kapeksa lan bisa ngereh kekarepane, sarta wus kenceng sedyane ora arep omah-omah karo prawane, iku tumindak becik.
38 Dadi wong kang omah-omah karo prawane, iku tumindak becik, dene kang ora omah-omah karo prawane, iku tumindak luwih becik.
39 Wong wadon somahan iku kecencang salawase bojone isih urip. Nanging yen bojone wus tinggal-donya, wong wadon mau wenang neningkahan maneh karo sapa bae kang dikarepake, anggere wong kang pracaya.
40 Nanging mungguhing panemuku, luwih begja, manawa wong mau tetap kaya mangkono. Lan pangrasaku, aku iya kadunungan Rohe Gusti Allah.