1 Apa aku iki dudu rasul? Aku rak wong merdika, ta? Apa aku ora wus ndeleng Gusti Yesus, Gusti kita? Kowe iku apa ora dadi garapanku ana ing Gusti?
2 Sanadyan kanggone wong liya aku iki dudu rasul, nanging tumraping kowe aku iki rasul. Amarga uripmu ana ing Gusti iku minangka tandha cap tumraping karasulanku.
3 Iki panjawabku marang wong kang padha ngritik aku.
4 Apa aku ora duwe wewenang mangan lan ngombe?
5 Apa aku ora duwe wewenang ngajak wong wadon Kristen minangka somah ing sajroning lakuku, padha kaya para rasul liyane lan para sadhereke Gusti apadene Kefas?
6 Utawa apa mung aku lan Barnabas bae kang ora duwe wewenang kabebasake saka ing pagawean kasar?