1 He, anak-anakku, anggonku nulis bab prakara iku marang kowe iku supaya kowe aja padha gawe dosa. Ewadene manawa ana kang gawe dosa, kita padha duwe Pantara ana ing ngarsane Sang Rama, iya iku: Gusti Yesus Kristus kang adil.
2 Lan Panjenengane iku kang dadi pangruwate dosa kita, lan ora ngemungake dosa kita bae, nanging malah iya dosane wong sajagad kabeh.
3 Anggon kita wus padha wanuh Gusti Allah iku titikane yaiku manawa kita padha netepi ing pepakone.
4 Sing sapa duwe ujar: “Aku wanuh karo Panjenengane,” mangka ora netepi ing pepakone, iku wong goroh lan ora kadunungan kayekten.
5 Balik sing sapa netepi pangandikane, iku kang sanyata kadunungan sihing Allah kang sampurna; iya iku margane anggon kita padha sumurup, yen kita padha dumunung ana ing Panjenengane.
6 Sing sapa duwe ujar yen ana ing Panjenengane, iku kawajiban nglarasake uripe kalawan sugenge Sang Kristus.
7 He, para kekasih, kang daktulis iki dudu pepakon anyar, nanging pepakon lawas kang wus ana ing kowe wiwit wiwitan mula Pepakon kang lawas iku yaiku pangandika kang wus padha kokrungu.
8 Ewasamono pepakon anyar uga kang dakemot ing layangku marang kowe iki, kang wus sanyata ana ing Panjenengane lan ana ing kowe, amarga pepeteng iku nedhenge sirna, lan pepadhang kang sajati wus sumunar.
9 Sing sapa duwe ujar yen dumunung ana ing pepadhang, mangka sengit marang sadulure, iku isih dumunung ana ing pepeteng kongsi saprene.
10 Sing sapa tresna marang sadulure iku kang lestari ana ing pepadhang, sarta ora kanggonan sesandhungan.
11 Balik sing sapa sengit marang sadulure, iku dumunung ana ing pepeteng, sarta urip ana ing pepeteng, wong iku ora weruh menyang ngendi parane, amarga mripate diwutakake dening pepeteng mau.
12 He, anak-anak, mulane aku nulis layang marang kowe, marga dosamu wus padha kaapura marga saka Kang Asma.
13 He, para bapa, mulane aku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha wanuh marang Panjenengane kang ing purwa mula wus ana. He, para wong anom, mulane aku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha ngalahake si pangawak dursila.
14 He, bocah-bocah, anggonku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha wanuh karo Sang Rama. He, para bapa, aku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha wanuh karo Panjenengane kang ing purwa mula wus ana. He, para wong anom, aku nuis layang marang kowe, amarga kowe padha santosa, sarta pangandikane Gusti Allah dumunung ana ing kowe, lan kowe wus padha ngalahake si pangawak dursila.
15 Kowe kabeh aja padha rumaket marang donya lan marang samubarang kang ana ing kono. Manawa wong rumaket marang donya, iku ora kadunungan katresnan marang Sang Rama.
16 Sabab samubarang kang ana ing donya, iku pepenginaning daging lan pepenginaning mripat tuwin digunging ngaurip, iku ora saka Sang Rama, nanging saka ing donya.
17 Anadene donya iki lan kamelikane nedhenge sirna, nanging sapa kang nglakoni karsane Gusti Allah iku tetep urip ing salawas-lawase.
18 He, bocah-bocah, iki wektu kang wekasan. Lan kaya anggonmu wus padha krungu warta yen si Anti-Kristus bakal teka, mangkono uga ing samengko iya wus akeh Anti-Kristus kang padha jumedhul. Kang mangkono iku dadi pratandha yen iki nyata-nyata wektu kang wekasan.
19 Asale Anti-Kristus iku pancen saka ing antara kita, nanging sanyatane padha dudu panunggalan kita; awit saupama temen-temen dadia panunggalan kita, mesthi padha tetep nunggal karo kita. Nanging kelakone iku supaya tetelaa yen dheweke ora kabeh nyata dadi panunggalan kita.
20 Balik kowe iku wus padha kajebadan dening Kang Suci, marga saka mangkono kowe padha nyumurupi samubarang.
21 Anggonku nulis layang marang kowe, iku ora marga kowe ora sumurup ing kayekten, nanging malah marga kowe sumurup marang bab iku lan marga saka kowe wus padha nyumurupi uga, yen sabarang kang goroh iku ora ana kang asale saka ing kayekten.
22 Sapa ta si pangawak goroh iku? Apa dudu kang nyelaki yen Gusti Yesus iku Sang Kristus? Yaiku si Anti-Kristus, kang nyelaki marang Sang Rama lan Sang Putra.
23 Amarga wong kang nyelaki marang Sang Putra iku iya ora nduweni Sang Rama. Kang ngakoni marang Sang Putra, iya nduweni Sang Rama.
24 Anadene mungguh kowe iku, apa kang wus padha kokrungu ing wiwitan mula, iku tetepa ana ing kowe. Manawa apa kang wus kokrungu ing wiwitan mula iku tetep dumunung ana ing kowe, dadi kowe iya bakal padha tetep ana ing Sang Putra lan ana ing Sang Rama.
25 Anadene prasetya kang diprasetyakake dening Panjenengane piyambak marang kita iya iku urip langgeng.
26 Kabeh iki anggonku nulis marang kowe bab wong-wong kang sumedya nasarake kowe.
27 Sabab jebadan kang wus padha koktampani saka Panjenengane iku tetep ana ing kowe. Marga saka iku kowe ora prelu diwulang dening wong liya. Nanging kayadene bab anggone njebadi iku mulang marang kowe bab samubarang -- lan piwulange iku nyata, ora goroh -- lan kayadene anggone Panjenengane biyen wus mulang marang kowe, mangkono uga kowe padha tetepa ana ing Panjenengane.
28 Anadene ing samengko, he, anak-anakku, padha tetepa ana ing Panjenengane, supaya samasa Panjenengane ngatingal, kita padha tatag ing pracaya lan ora usah isin ana ing ngarsane besuk ing dina rawuhe.
29 Manawa kowe padha sumurup yen Panjenengane iku sampurna, iya ngawruhana yen saben wong kang nglakoni ing kasampurnan, iku laire saka ing Panjenengane.