1 Yokanan 3 JAV

1 Kawruhana, sapira gedhene katresnan kang diparingake dening Sang Rama marang kita, nganti kita padha kasebut para putraning Allah, lah kita pancen putraning Allah. Mulane jagad ora wanuh marang ktia, amarga jagad iku ora wanuh marang Panjenengane.

2 He, para kekasih, saiki kita padha dadi putraning Allah, ananging durung cetha kapriye bakal kaanan kita ing tembe. Mung bae kita padha sumurup, manawa Sang Kristus ngatingal, kita bakal dadi padha karo Panjenengane, amarga kita bakal padha ndeleng kaanane Panjenengane ing sajatine.

3 Sok wonga kang duwe pangarep-arep mangkono marang Panjenengane, iku mesthi nucekake awak, kayadene Panjenengane kang asipat suci.

4 Sok wonga kang nglakoni dosa, iku iya nerak angger-anggering Allah, sabab dosa iku nerak angger-anggering Allah.

5 Lan kowe padha sumurup yen anggone Panjenengane wus nglairake sarira iku prelu mbirat sakehing dosa, sarta Panjenengane iku ora kadunungan dosa.

6 Marga saka iku sok wonga kang tetep ana ing Panjenengane, iku ora gawe dosa maneh, sok wonga kang tetep gawe dosa, iku ora weruh lan ora wanuh marang Panjenengane.

7 He, anak-anakku, kowe aja gelem disasarake dening sapa bae. Sapa kang nindakake kayekten iku kadunungan kayekten, padha kaya Panjenengane iya asipat kayekten.

8 Sapa kang tetep tumindak dosa, iku asale saka Iblis. Awitdene Iblis iku anggone gawe dosa wus wiwit-wiwitan mula. Anggone Putraning Allah nglairake sarira iku, iya prelu nglebur panggawening Iblis iki.

9 Saben wong kang laire saka ing Allah, iku ora nglakoni dosa maneh, amarga wijining ka-Allahan tetep ana ing batine, lan ora bisa gawe dosa, amarga laire saka ing Allah.

10 Iki titikane para putraning Allah lan para anake Iblis; sok wonga kang ora nindakake kayekten iku asale ora saka ing Allah, mangkono uga kang ora tresna marang sadulure.

Tresna marang sadulur dadi titikane urip anyar

3:11-18

11 Sabab iya iki pawarta kang wus padha kokrungu wiwitan mula, iya iku supaya kita padha tresna-tinresnanana.

12 Aja kaya Kain, kang asale saka ing pangawak dursila sarta mateni sadulure. Lan apa sababe anggone mateni iku? Amarga sakabehing panggawene ala, lan panggawene adhine becik.

13 He, sadulur-sadulur, aja padha gumun manawa jagad padha sengit marang kowe.

14 Kita padha sumurup, yen kita wus padha ngalih saka ing pati marang urip, iya iku marga kita padha tresna marang para sadulur kita. Sapa kang ora nresnani sadulure, iku tetep dumunung ana ing pati.

15 Sok wonga kang sengit marang sadulure iku dadi juru mateni wong. Lan kowe padha sumurup, manawa ora ana juru mateni kang tetep kadunungan urip langgeng.

16 Mungguh katresnane Sang Kristus iku wus kita sumurupi, yaiku: manawa Panjenengane wus masrahake nyawane kanggo kita, dadi kita iya padha kawajiban masrahake nyawa kita kanggo sadulur-sadulur kita.

17 Sapa kang duwe bandha kadonyan, mangka weruh sadulure kacingkrangan, ewadene nutup lawanging atine tumrap marang sadulure mau, kapriye bisane tetep kadunungan katresnaning Allah?

18 He, anak-anakku, anggon kita padha tresna iku aja mung kalawan tembung utawa kalawan ilat bae, nanging dikanthenana panggawe lan ing sajroning kayekten.

Kayakinan ana ing ngarsaning Allah

3:19-24

19 Mangkono iku anggon kita padha nyumurupi, yen asal kita saka ing kayekten. Mangkono uga ati kita bisa tentrem ana ing ngarsane Gusti Allah.

20 Amarga manawa kita padha kawelehake dening ati kita dhewe, Gusti Allah iku ngluwihi ati kita sata nguningani samubarang.

21 He, para kekasih, manawa kita ora kawelehake dening ati kita, dadi padha bisa sowan marang ing ngarsane Gusti Allah kalawan tatag ing pracaya,

22 lan apa bae kang kita suwun, kita padha diparingi, amarga padha netepi sakehing pepakone sarta nglakoni apa kang ndadekake keparenge.

23 Anadene pepakone iku yaiku: supaya kita padha pracaya marang asmane Gusti Yesus Kristus, Kang Putra, lan supaya padha tresna-tinresnanana cocog karo pepakon kang kadhawuhake dening Sang Kristus marang kita.

24 Dene sapa kang netepi sakehing pepakone, iku dumunung ana ing Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku. Lan iya mangkono iku anggon kita padha sumurup, yen Gusti Allah dumunung ana ing kita, iya iku Roh kang wus diparingake marang kita.

Bab

1 2 3 4 5