1 Yokanan 2:14-20 JAV

14 He, bocah-bocah, anggonku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha wanuh karo Sang Rama. He, para bapa, aku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha wanuh karo Panjenengane kang ing purwa mula wus ana. He, para wong anom, aku nuis layang marang kowe, amarga kowe padha santosa, sarta pangandikane Gusti Allah dumunung ana ing kowe, lan kowe wus padha ngalahake si pangawak dursila.

15 Kowe kabeh aja padha rumaket marang donya lan marang samubarang kang ana ing kono. Manawa wong rumaket marang donya, iku ora kadunungan katresnan marang Sang Rama.

16 Sabab samubarang kang ana ing donya, iku pepenginaning daging lan pepenginaning mripat tuwin digunging ngaurip, iku ora saka Sang Rama, nanging saka ing donya.

17 Anadene donya iki lan kamelikane nedhenge sirna, nanging sapa kang nglakoni karsane Gusti Allah iku tetep urip ing salawas-lawase.

18 He, bocah-bocah, iki wektu kang wekasan. Lan kaya anggonmu wus padha krungu warta yen si Anti-Kristus bakal teka, mangkono uga ing samengko iya wus akeh Anti-Kristus kang padha jumedhul. Kang mangkono iku dadi pratandha yen iki nyata-nyata wektu kang wekasan.

19 Asale Anti-Kristus iku pancen saka ing antara kita, nanging sanyatane padha dudu panunggalan kita; awit saupama temen-temen dadia panunggalan kita, mesthi padha tetep nunggal karo kita. Nanging kelakone iku supaya tetelaa yen dheweke ora kabeh nyata dadi panunggalan kita.

20 Balik kowe iku wus padha kajebadan dening Kang Suci, marga saka mangkono kowe padha nyumurupi samubarang.