1 Saka Paulus, rasule Sang Kristus Yesus awit saka karsane Gusti Allah, marang para suci ing kutha Efesus, iya para wong kang padha pracaya ana ing Sang Kristus Yesus.
2 Sih-rahmate lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah, Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus anaa ing kowe kabeh.
3 Pinujia Gusti Allah lan Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang wus mberkahi kita ana ing Sang Kristus kalawan sarupane berkah kasukman kang ana ing swarga.
4 Awit sadurunge jagad katitahake iya ana ing Panjenengane iku Gusti Allah wus milihi kita, supaya kita padha suci tanpa cacad ana ing ngarsane.
5 Marga saka sih-mirmane saka ing wiwitan mula Panjenengane wus kepareng netepake kita kaangkat dadi para putrane marga saka Gusti Yesus Kristus, ing sakeparenge karsane,
6 supaya pinujia sih-rahmate kang luhur, kang kaparingake marang kita ana ing Panjenengane kang kinasih.
7 Sabab iya ana ing Panjenengane marga saka rahe, kita kaparingan tetebusan, yaiku pangapuraning dosa, manut gunging sih-rahmate,
8 kang wus diluberake marang kita kalawan sagunging kawicaksanan lan pangreten.
9 Marga Panjenengane wus medharake wewadining karsane marang kita, manut karo rancangan-palimirmane, yaiku rancangan-palimirma kang wiwit sakawit wus ditetepake ana ing Sang Kristus,
10 minangka pacawisan ganeping wektu manunggaling sakabehe ana ing Sang Kristus kang dadi sesirahing sakabehe iku mau iya kang ana ing swarga iya kang ana ing bumi.
11 Daktembungake “ing Sang Kristus”, awit iya ana ing Panjenengane iku aku kabeh padha oleh panduman kang dijanjekake -- aku kang saka wiwitan padha katemtokake tampa panduman iku cundhuk karo karsaning Allah, kang ing samubarang kabeh makarya manut putusaning karsane --
12 supaya aku kang sadurunge wus padha duwe pangarep-arep tumrap Sang Kristus, kepareng dadi srana panggunggunging kaluhurane.
13 Ana ing Panjenengane kowe kabeh, -- awit kowe wus padha ngrungokake pangandikaning kayekten, yaiku Injiling karahayon -- iya ana ing Panjenengane kowe kabeh sawuse pracaya, uga padha kaecap ing Roh Suci kang kaprasetyakake iku.
14 Dene Roh Suci iku kang dadi tanggunganing bagean kita nganti kita padha tampa sakabehe, yaiku tetebusan kang minangka srananing kita dadi kagungane Gusti Allah, supaya pinujia kaluhurane.
15 Mulane, aku iki sawuse krungu warta bab pracayamu marang Gusti Yesus lan bab tresnamu marang sakehe para suci,
16 ora kendhat anggonku caos sokur marga saka kowe kabeh. Lan aku tansah ngelingi kowe sajroning pandongaku,
17 supaya Allahe Gusti kita Yesus Kristus, yaiku Sang Rama kang asipat mulya iku, karsa paring Rohing kawicaksanan lan wahyu marang kowe satemah kowe banjur wanuh marang Panjenengane kanthi sabenere.
18 Panjenengane madhangake mripating atimu, supaya kowe ngreti mungguh pangarep-arep apa kang kamot ing timbalane; iba gedhening pandumane kamulyan kang katemtokake kanggo para suci,
19 lan iba gunge panguwaose tumrap kita, kang pracaya, cundhuk karo dayaning panguwaose
20 kang katindakake ana ing Sang Kristus kalawan anggone ngwungokake saka antarane wong mati lan nglenggahake ing swarga ana ing sisih tengene,
21 banget anggone ngungkuli luhure sakehing pamarentah lan panguwasa sarta pamisesa tuwin karajan lan sadhengaha jeneng kang kena sinebut, ora ngamungake ana ing donya iki bae, nanging uga ing jaman kang bakal kalakon.
22 Karodene samubarang kabeh wus tinata ing sangisore sampeyane Sang Kristus lan Panjenengane wus kaparingake marang pasamuwan minangka Sesirahing samubarang kang ana.
23 Dene pasamuwan iku kang dadi sarirane, kang kapenuhan ing Panjenengane, kang menuhi samubarang kabeh.