1 Mulane, aku mituturi kowe, aku kang dadi pasakitan marga saka Gusti, uripmu dikaya wong-wong kang wus padha katimbalan cundhuk karo timbalan iku.
2 Ditansah andhap-asor, sareh lan sabar. Padha ngetokna katresnanmu kalawan tulung-tinulung.
3 Lan ngudia lestarine anggonmu tetunggalan ing Roh sarana suhing atut rukun:
4 tunggal badan, lan iya tunggal Roh, kayadene anggonmu wus padha katimbalan marang pangarep-arep siji kang dumunung ana ing timbalanmu,
5 tunggal Gusti, tunggal pracaya lan tunggal baptis,
6 tunggal Allah lan Ramane kabeh, Gusti Allah kang mengku kabeh, lumantar kabeh, lan ana ing kabeh.
7 Nanging sawiji-wijining panunggalan kita wus kaganjar sih-rahmat undha-usuk manut sapalimirmane Sang Kristus.
8 Mulane ana pangandika mangkene:“Sareng sumengka ing ngaluhur, Panjenenganipun mbandhangi tiyang-tiyang tawanan,Panjenenganipun maringi ganjaran dhateng manungsa.”
9 Mungguh “Panjenengane wus sumengka” iku rak ateges manawa Panjenengane iya wus tumedhak uga menyang ing peranganing bumi kang ngisor dhewe?
10 Panjenengane kang wus tumedhak, iya Panjenengane uga kang wus sumengka ngungkuli sakehing langit, supaya ngebeki samubarang.
11 Lan iya Panjenengane kang paring para rasul, nabi, juru Injil, pangon lan pamulang,
12 supaya para suci padha kacawisna kanggo ayahan leladi, kanggo pambangune sarirane Sang Kristus,
13 nganti kita kabeh wus padha bisa nggayuh manunggaling pracaya lan kawruh kang bener tumrap Putraning Allah, kadiwasan kang sampurna, lan tataran kang cundhuk karo kasampurnaning Sang Kristus,
14 temahan kita ora dadi bocah maneh, kang diobat-abitake dening sarupane angine piwulang, dening pratingkah nasar lan culikane manungsa kang mblasukake,
15 nanging kalawan tatag ngandhemi kayekten sajroning katresnan, kita mundhak-mundhak ing samubarang ngener Sang Kristus kang jumeneng Sesirah.
16 Iya saka Panjenengane iku sarirane sakojur -- kang tumata runtut lan kaiket dadi siji awit saka makartine kabeh perangane, cundhuk karo murwate pakaryane saben perangan iku -- anggone tumuwuh mbangun dhiri sajroning katresnan.
17 Mula iki dakkandhakake lan dakcethakake marang kowe ana ing patunggilane Gusti, yaiku: Uripmu aja kaya lakuning wong-wong kang ora wanuh marang Gusti Allah maneh kang pangangen-angene tanpa guna
18 lan kang peteng pikirane, adoh saka ing urip patunggilan karo Gusti Allah, marga saka bodhone lan marga saka wangkoting atine.
19 Pangrasane wus kethul, temahan padha masrahake awake marang pamblunthah lan nglakoni panggawe kang rusuh kalawan kethaha.
20 Nanging munguh kowe iku ora mangkono. Kowe wus padha sinau wanuh karo Sang Kristus.
21 Awit kowe wus krungu bab Panjenengane lan nampani piwulang ana ing Panjenengane manut kayekten kang satuhu ana ing Gusti Yesus
22 yaiku manawa kowe, ing bab lakumu kang biyen, kudu ngrucat kamanungsan lawas, kang nemahi rusak awit saka anane hawa-nepsu kang nasarake,
23 supaya kowe padha dianyarake ing roh lan pikiranmu,
24 lan ngrasuk kamanungsan anyar, kang wus tinitahake manut karo karsaning Allah ing kabeneran lan kasucen kang nyata.
25 Awit saka iku mbuwanga watek goroh lan ngucapa kang nyata marang ing pepadhaning sadulur siji lan sijine, awit kita padha-padha dadi gegelitaning badan siji.
26 Manawa kowe nepsu aja nganti gawe dosa: srengenge aja nganti angslup sadurunge nepsune ilang
27 lan aja aweh papan marang iblis.
28 Wong kang gawene nyolong, aja nyolong maneh, nanging becik nyambut-gawe kanthi tumemen lan nglakoni pagawean kang becik kalawan tangane dhewe, supaya bisa nguluri wong kang kekurangan.
29 Aja nganti ana tembung reged kawetu saka ing tutukmu, nanging munga tembung kang becik kanggo mbangun, yen prelu, supaya kang krungu, oleha sih-rahmat.
30 Lan kowe aja gawe sekele Sang Rohing Allah kang suci, kang wus ngecap kowe kanggo ing dina pangentasan.
31 Sadhengahing rasa serik, brangasan, gampang nepsu, tukar-padu lan panyatur ala buwangen saka ing antaramu, samono uga sadhengahing piala.
32 Nanging kowe dipadha sumanak mungguh ing siji lan sijine, kebak ing sih katresnan lan apura-ingapuraa kayadene Gusti Allah ana ing Sang Kristus iya wus ngapura marang kowe kabeh.